Kamis, 15 Januari 2009

LATIHAN NULIS


Assalamu’alaikum,

Para sedulur lan kanca, kabare pada sehat mbokan ? Jenenge nyong Inung sing mbiyen seneng elektro karo voli (dadi kelingan karo pak Cipto lan pak Martono). Sementara siki isih nang Medan (nembe apa wis ya ? 10 tahun)

Seneng rasane kanca-kanca bisa pada nulis, silaturahim nang blog (ayo Go Blog – aja diwaca langsung mengko dadi goblog ha..ha..ha…). Nek digatekna kayane kanca-kanca wis pada fasih le nulis moga-moga bae bisa dibukukna lan dadi karya sastra. Critane wingi nembe bali maring mBanjar ketemu karo An Dut (ngarep omah) lan Ifur. Aan wis mandan gering ora lemu mbanget kaya mbiyen (soale angger isuk mlaku-mlaku maring kali srayu karo ndeleng-ndeleng satwa nang kana nganti kringeten), Ifur dadi lemu beda karo mbiyen pas sekolah (kuliah bareng nang mBandung). 

Nyong ngertine ana blog kiye ya sekan Aan karo Ifur, lha siki njajal nulis (lha wong ora tau nulis dadi ya njaluk ngapurane nek ora jelas tulisane). Wis kaya kuwe bae perkenalane, moga-moga isih pada kelingan karo nyong, lha malah nyong dewek sing wis kelalen karo kanca-kanca, syukur-syukur nek ana sing nduwe absensi SMP trus dibagi-bagi…. Suwun.

Fuad Nur (Inung)
061 77 33 44 55
0812 63 88 55 99

fuadnur@telkom.co.id
http://masinoenx.blogspot.co


Tidak ada komentar: