Senin, 11 Mei 2009

Tampil maning ah...




Hai kanca-kanca, Assalamu'alikum...

Pada sehat kabeh mbokan ya...
Puniko dalem sowan malih dateng keluargi komunitas88. Hmmm.... aku ngiri sama temen2 sing esih nduwe kenangan lucu2. Aku juga ada kenangan nih...n gak kalah seru sama yg lain. Secara nyata aku kan wong ndeso Luwung sing terus mlebu kota. Jan sedesa kur aku thok sing bisa sekolah neng SMPN I Banjar wektu kuwe lho. Gemiyen aku ya ora ngerti nek SMP I sekolah unggulan. Soale aku kang ndesa ngertine ya kabeh SMP pada kabeh. Awale, lulus SD NEMku termasuk apik (41,25) juara II sekecamatan Rakit loh. Nah, neng bu Koni'ah (Guru Agama kita, inget gak?) beliau itu BuLikku, menyarankan aku ndaftar neng SMP I. Ya wis aku manut. Nah barang pengumuman ya mestine ketampa lah wong NEM semono.
Singkat cerita, awal mlebu kan dhewek kon penataran P4 neng aula sing gemiyen nggo reuni I ya. Nah, neng kono kuwe aku mulai gerogi, Soale apa.. Bu Thithing kan sering neng panggung mimpin kita2 suruh nyanyi bareng misalkan lagu "potong bebek angsa...angsa di kuali....". Waduh jan terus terang ya dhong nyanyi lagu kuwe, mulutku tertutup rapat-rapat loh.. soale lagu kuwe neng ndesaku urung tahu ana sing menyanyikan. Dadi aku meneng2 jan anu bingung banget, lah kiye wong-wong nyanyi lagu apa ya clingak-clinguk aku jan kaya kethek ditulup temenan lah.... asem temenan.. oalah...kepengin metu ruangan rasane mbokan nganti ditunjuk maju apa ora makin parah.. duh..aduh...

....jan nganti siki angger anakku nyanyi lagu kuwe aku kemutan jan isin dhewek... oalah wong ndesa...wong ndesa... tapi aja salah. Angger lagu wajib dari sabang sampe merauke neng ndesaku wis terkenal, dadi angger lagu kuwe aku apal tekan siki. Malah ya, aku wis membuktikan lho bahwa negeri kita tercinta ini memang panjang dan luar biasa gemah ripahe, lan kota Sabang n Merauke benar adanya (liat foto hehehe....) Wektu aku meng Merauke ketemu mas
Amin, tapi dhong meng Sabang ora ketemu kanca SMP (pancen ora ana sing neng kana kayane... ya..).

Wis ya, kiye disit liya wektu disambung maning. Ditunggu kemunculane maning pada :
Tuti (kepriwe kabare mas Amrul), Anti (ndi tulisane, sibuk terus ya), Yuli (mbiyen aku sering meng toko-ne), Yani (komandan baru), Dibi (Dibul?), Andi (karteng), Andi (kali palet), dll. Sori sing disebut jenenge anu udu sing ayu utawa gantheng2 tapi sing huruf mburine "i" pada karo aku " B u d i"

Akhiring kata : Wassalamu'alaikum Wr Wb

Serat saha pangabekti dalem,
H. Budi Harsono, SE, MSi wong ndeso Luwung, sing ujian nyanyi neng pa Naryo bijine 5 soale pancen anu ora bisa nyanyi....


3 komentar:

Anonim mengatakan...

ass Wr Wb,Owalah Wahaji2..? jamane wis ora potong bebek maning gara2 ana flu burung, flu babi & terbaru flu kuda (di india) dadi saiki jamane potong harga & potong gaji dewan he..he..ya ora(sigit)

Anonim mengatakan...

Kabar masku baik,Bud. Meski gak bisa ngomongnya tapi aku ngerti kok kamu nulis apa?(tuti)

sayur lodeh mengatakan...

Lha kiye...nek ana hubungan kerabat karo Wa Kon, berarti aku nyambate kono Kakang, Karo Ipur juga..mbok???