Kamis, 05 Februari 2009

TAIWAN


Assalamu'alaikum. 

Alhamdulillah pada pathing jredul tulisane. Ternyata bar melu mlebu blog..akeh banget fans sing pada sms. malah sing nang nDepok isuk2 tilpun...kengen banget ketone..kekekekekeke.....ana sing ngjak bisnis...ana sing madhani....ana sing ngajak diskusi...ana sing njaluk japri...wah macem..macem...ana sing isih kemutan marwek barang...hahahaha..

Sing njaluk di critani urip nang taiwan ge...pas pertama mudhun nang bandara Chiang Kaisek Taipei...langsung ana sing nilpun, kanca jogja sing wis nang kana...pak Tya kok bisa kesasar disini?...nah khan...nasib. Tekan Taiwan, nyong manggone sejam sekang bandara...lumayan cedhek, jenenge desa Chungli. Nek nang Jogja kaya kampuse UII terpadu nang kaliurang, ora nang tengah kota. Akeh tulisan ora bisa maca, akeh wong pada ngomong...ora mudheng...wis nganggo basa kethek...nguk...nguk..

Alhamdulilllah pas dina jumat di jek nang mesjid, 1 jam sekang asrama, ketemu wong indonesia akeh, basa jawa maning. Ternyata chungli kuwe kaya kaumane nang Taiwan, akeh muslim lokale. Puasa ya ana buka bersama, teraweh. Jumatan diluar romadhon, biasane bar jumatan disuguh makan siang nggo jamaah. Lumayan ngirit tuku mangan. Nang taiwan ana 5 mesjid; 2 nang Taipei (ibukota/lor), 1 nang chungli, 1 nang taichung (tengah), 1 nang Kaohsiung (kidul). Ketemu kanca2 TKI/TKW ya akeh. TKI taiwan ana 113 an ewu. lumayan akeh banget. Sering nganakna kegiatan2, kumpul2, pelatihan2. ana juga perkumpulan mahasiswa Indonesiane (www.formmit.org)

Wong taiwan rata2 ora nduwe agama. Konfucianisme dianggep dudu agama, mung kaya budi pekerti. islam <.5%, kristen 5%, budha rodo akeh. Culture taiwan kuwe njiplek Amerika, nganti nek pas christmas, kabeh wong taiwan ya nganakna...tapi isine mangan ...njoget/dansa2, ora kaya natalan nang indo. Nek di takoni natalan ya ora ngerti..ngertine christmas...makan2, dansa2, having fun. Nek Dosen rata2 lulusane ya Amrik. 

Sing kepingin bisnis, Taiwan terkenal pusat produksi semi konduktor. Pertanianne juga apik. Terkenal ilmu perkembangan remote sensing (nggo cah teknik/geografi).
Taiwan karo indonesia ora nduwe hubungan diplomatik, Indonesia isih melu one chinesse policy, dadi ora ngakui negara Taiwan. Tapi hubungan dagang ok. Ekspor indonesia terbesar 80% batu bara, padahal peluange eseh akeh banget nek gelem. Termasuk 8 negara maju terbesar dunia, urip Taiwan lumayan penak, disiplin, bersih, meh kaya Singapura....nek ora percaya teka dhewek nganah....

Sing unik, wong Taiwan luwih seneng ngingu asu daripada mbojo nduwe anak. Nek musim dingin asune pada di klambeni, nggo gendhongan..wis kaya wong nduwe bayi pokoke...nek musim panas cewek2 e ora klamben..heheheheh...ssst!

Melu urun rembug, nek gelem komunitas88 nggawe usaha bareng PT ato apalah...sing arep dagang bisa nganggo, sing arep bisnis liyane ya bisa nganggo. Pengalaman nang Trustco...dadi konsultan karo trainer..lumayan nggo ngisi wektu. Potensi kom88 akah banget. gawe headoffice nang banjar, cabang nang ngendi ora tergantung awake dewek nang ngendi. Bisa urunan sahame. mengko ngangkat 1-2 kancane dewek sing nang mbanjar misale kon dadi manajer operasionale, gawe proposal..marketing..dll...kepriwen Andi, Yuli? Sing dadi notaris sapa kiye...bisa tulung gawekna aktane...proyek akeh banget kiye...minimal menjelang pemilu nggaweni spanduk..bendera, dll. mulai bisnis sablon hehehe...bahane gratis sekang nggone pabrike Yuli. Cagak pring/kayune gratis sekang nggone Andi karteng...sing nunggoni spanduk/bendera nek wis di pasang wis ana..pulisi si Kis...hayuh priwe kiye...

-Tya-

1 komentar:

Anonim mengatakan...

Halah...mage jajal di tuangna sing bener, ben pada gumregah...nek sekedar usul thok ya pada nDoplong. Aku dewek bingung...kepriwe lehe ngecaki!!!