Rabu, 07 Oktober 2009

kaya selawase urip


Assalamu'alaikum
Kanca-kanca. Nek ana kalimat sing keliru tulung di benerna nang ati bae ya...!
Alhamdulillah isih diparingi umur bisa nunut tulisan nang pawarta ne sing jenenge
komunitas '88. Senajan ora asli wong banjar, tapi wis tau ngicipi banyu lan semilire angin banjarnegara.

Akeh kenangan sing nek dilebokna memori kuwe mandan ora muat....Meskipun (basa banjar-e meskipun apa yaaa..?) ngrasakna hawane banjar mung limang taun, tapi rasane kaya selawase urip ora bakal ilang. Ketemu karo kanca-kanca se almamater khusus SMPN 1 Bara taun wolu-wolu, rasane kuwe
kaya nyemplung padusan sing banyune bening tur segeeer pisan.

Rikala semana, duwe krenteg pingin ulih jodo wong banjarnegara (sing mesti cewek). Pikiranku, paling ora bisa sering maring kota banjarnegara ketemu kanca-kanca lawas, ning mungkin (basa banjar-e mungkin apa yaaa...?) rupa ku sing pas-pasan karo netesing jodo ora maring aku, ya dadi ora kesampaian.

Ya wis sing penting aku isih bisa ndeleng kanca-kanca ku gemiyen nang pawarta sing dibangun karo kanca-kanca sing seneng mbangun silaturahmi. Alhamdulillah...ayo kanca-kanca sing wis dadi sedulur kiye pada sering nulis maning, matur nuwun nggo kang Tri, Mamal cs. sing wis bisa ngumpulna kanca2 dadi semeduluran.

Wassalamu'alaikum
Tonny Hape

Tidak ada komentar: